Ciung wanara


Ing padhepokan, Prabu Cilihawan saking Pajajaran kuwantos dhateng Ki Ajar Wilis, saya kathah muridipun, saya ageng wibawane.

Prabu Cilihawan : Patih...
Patih Mangkuprojo : Sendika Gusti
Prabu Cilihawan : Aku susah banget, amergi pertapaan ki Ajar Wilis soyo suwe soyo akeh murid e lan soyo ilang wibawaku
Patih Mangurojo : pripon to Prabu
Prabu Cilihawan : Kowe tak utus, ngajak Dewi Sumekar nekani Ki Ajar Wilis supaya Dewi Sumekar api-api ngandut manggihi Ki Ajar Wilis.
Patih Mangkuprojo laksanaake dawuhe prabu nekani Dewi Sumekar
Patih Mangkuprojo : Dewi...
Dewi Sumekar : wonten nopo Patih?
Patih Mangkuprojo : Dewi Sumekar, kulo dipun utus Prabu Cilihawan ngajak panjenengan uga manggihi Ki Ajar Wilis
Dewi Sumekar : Tapi napa yo?
Patih Mangkuprojo : Kulo mboten ngertos Dewi... kulo niki namun utusan Sang Prabu Cilihawan. Panjenengan kaliyan Prabu Cilihawan diutus api-api ngandut
Dewi Sumekar : Manapa carane Patih?
Patih Mangkuprojo : Caranipun, bokor kencana dipun dhelikaken ing lebet ageman lan dipun tangsuli ing madharanipun
Dewi Sumekar : Inggih kula laksanaake, opo dawuhw sang Prabu. Ayo mangkat menyang pertapaan Ki Ajar Wilis

 
Sawise nemani Dewi Sumekar, Patih Mangkuprojo lan Dewi Sumekar bidal menyang pertapaan Ki Ajar Wilis.
Ing tengah wana, Dewi Sumekar moro-moro wetenge sambat loro.

Dewi Sumekar : Aduch.. aduch...
Patih Mangkuprojo : Wonten menopo Dewi?
Dewi Sumekar : Wetengku panas Patih
Patih Mangkuprojo : Kog saged Dewi?
Dewi Sumekar : Kulo mboten sumerap Patih.
 

Patih Mangkuprojo rumaos runtik penggalihepun sareng bokor badhe kapendhet njebul ical. Dewi Sumekar ngandut saestu.

Patih Mangkuprojo : Loh, Dewi panjenengan ngandut saestu?
Dewi Sumekar : kulo mboten sumerap Patih.
Patih lan Dewi Sumekar dugi ten ing pertapaan Ki Ajar Wilis
Dewi Sumekar : Ki... Ki Ajar Wilis
Ki Ajar Wilis : Wonten nopo Dewi?
Dewi Sumekar : Kulo badhe matur
Ki Ajar Wilis : Matur nopo Dewi?
Dewi Sumekar : Kulo mbobot putrane panjenengan
Ki Ajar Wilis : Lho, kog saged Dewi?
Dewi Sumekar : Pokok e koen kudu tanggung jawab, lek ora gelem bakal tak rujak kerajaanmu
Ki Ajar Wilis : Nuwun sewu patih, jang jangane Dewi Sumekar niku pancen nate dados katremaning penggalih kula, namun ingkang mokal gawe kedadosan niku sanes kula
Patih Mangkuprojo : Lo kepriye karepmu?
Ki Ajar Wilis : Kulo mboten sumerap, Dewi Sumekar ngandut saestu

Sawise ing pertapaan Ki Ajar Wilis, patih Mangkuprojo lan Dewi Sumekar bali ing kraton. Ing kraton patih Mangkuprojo dawuh marang Prabu Cilihawan yen Ki Ajar Wilis mboten poron tanggung jawab mareng Dewi Sumekar lan Dewi Sumekar ngandut saestu.

Patih Mangkuprojo : Prabu?
Prabu Cilihawan : Ono patih?
Patih Mangkuprojo : Saderengipun kula nyuwun pangapunten saktahipun menawi Dewi Sumekar ngandut saestu lan Ki Ajar Wilis mboten poron tanggung jawab marang niku
Prabu Cilihawan : o... pancen kurang ajar Ki Ajar Wilis iku! Patih ayo pimpinan prajurit ngancurne pertapaan Ki Ajar Wilis
Patih Mangkuprojo : inggih kula laksanaaken

Prabu Cilihawan lan patih Mangkuprojo mimpin para prajurit menyang ing pertapaan Ki Ajar Wilis ugo nyedani Ki Ajar Wilis in padepokan.
Prabu Cilihawan : Ki Ajar Wilis.... metu o kowe!
Ki Ajar Wilis : Lho.. lho... ono opo iki Prabu?
Prabu Cilihawan : Prajurit...! ayo rusakno pertapaan Ki Ajar Wilis

Sawise prabu Cilihawan menang, orag ono sisa setitik, kabeh ajur mumur amergo diobrak-abrik karo Prabu Cilihawan lan prajurite.

Sawise perang Dewi Sumekar arep nglairake putra kakung, lha putra kakung iku arep males prabu Cilihawan, tapi Prabu Cilihawan ngerti yen bayi mau arep males, amargo iku Prabu Cilihawan ngutus patih Mangkuprojo meteni putra kakung.

Prabu Cilihawan : He..! patih!
Patih Mangkuprojo : Enten punapa Prabu?
Prabu Cilihawan : Kowe tak utus mateni bayine Dewi Sumekar.
Patih Mangkuprojo : Tapi Prabu?
Prabu Cilihawan : He... rungokno sek tah! Bayi iku arep males aku yen wis gedhe amargo iku kowe tak utus mateni
Patih Mangkuprojo : Inggih Prabu, kula laksanaaken

Ing padepokan patih Mangkuprojo mendet bayine Dewi Sumekar.


Dewi Sumekar : lho patih.. patih nopo bayiku kok dipendet?
Patih Mangkuprojo : Aku diutus Prabu Cilihawan mendhet bayi iki

Bayi mau terus kate dipateni, tapi Patih Patih Mangkuprojo ngesakne. Terus ugo dikinyutake kali.

Ing kali mau ono ki Karawang lan nyi Karawang sing isih ngebar jaring ono ing kali tibo-tibo ki Karawang lan nyi Karawang kaget ono peti ing pinggir kali Karawang.

Ki Karawang : Lho Nyi! Iku opo Nyi?
Nyi Karawang : Lho kok ono peti nang kali yo Ki?
Ki Karawang : Ayo Nyi, didelok opo isine Nyi!
Nyi Karawang : Lho isine kok bayi, iki bayine sopo iki?
Ki Karawang : Lebih baik awak dewe ae sing ngrumat Nyi! Yo opo?
Nyi Karawang : Yo luwes timbang ranok sing ngrumat
Ki Karawang : Enak e diwenehi jeneng opo yo Nyi?
Nyi Karawang : Iyo-yo opo yo?
Ki Karawang : Ciung Wanara ae Nyi! Amarga Ciung iku manuk menco lan Wanara iku kethek-mila

Ciung Wanara didade ake anak angkat ki Karawang lan Nyi Karawang. Ugo wis gedhe Ciung Wanara ngrewangi Bapak angkate ugo dadi pandhe besi.

Sawise Ciung Wanara seksi mandraguna lan wis cukup umur, Bapak angkate Ciung Wanara nyrita ake asal usule Ciung Wanara lan keluargane. Sawise Ciung wis ngerti. Ciung Wanara marani padepokan Pajajaran uga males Prabu Cilihawan.

Ciung Wanara : Prabu Cilihawan! Metuo kowe! Mreneo kowe!
Prabu Cilihawan : Lha.. lha.. patih, patih, patih!
Patih Mangkuprojo : Enten nopo Prabu?
Prabu Cilihawan : Kok bisa bayi iku isih urip Patih?
Prabu Cilihawan : Prajurit.... serang!

Para Prajurit ora bisa ngalahne Ciung Wanara amarga sakti mandraguna. Sawise Ciung Wanara menang perang, Ciung Wanara dadi Raja Ing Pajajaran lan dikenal karo nami Harya Banyak Wede.

-- Cuthel –

blog comments powered by Disqus