Blitar

"Blitar"

Blitar kutho cilik kang kawentar
Edi peni gunung kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi

Blitar nyimpen awune sang noto
Mojopahit eneng candi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan

Ono crito jare Patih Gajah Mada
Engkang bisa nyawijike nuswantara
Ugo si Ken Arok kang kondang kaloka
Ono tlatah jowo wiwit biyen mulo
Ora mokal Blitar dadi kembang lambe

Ora mokal kabeh yen kabeh podo nyatake
Yento geni nuwuhake semangate
Yento banyu nuwuhake patriote

blog comments powered by Disqus